macapat (Dhandhanggula)




Yogyanira kang para prajurit
Lamun bisa samya anuladha
Kadya nguni caritane
Andelira sang Prabu
Sasrabau ing Maespati
Aran Patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung triprakara
Guna kaya purun ingkang denantepi
Nuhoni trah utama
Lire lalabuhan tri prakawis
Guna bisa saniskareng karya
Binudi dadi unggule
Kaya sayektinipun
Duk bantu prang Manggada Nagri
Amboyong putri domas
Katur ratunipun
Purune sampun tetela
Aprang tandhing lan Ditya Ngalengka Aji
Suwanda mati ngrana
Wonten malih tuladhan prayogi
Satriya gung nagari Ngalengka
Sang Kumbakarna namane
Tur iku warna diyu
Suprandene nggayuh utami
Duk awit prang Ngalengka
Dennya darbe atur
Mring raka amrih raharja
Dasamuka tan keguh ing atur yekti
De mung mungsuh wanara
Kumbakarna kinen mangsah jurit
Mring kang raka sira tan lenggana
Nglungguhi kasatriyane
Ing tekad datan purun
Amung cipta labuh nagari
Lan nolih yayah rena
Myang leluhuripun
Wus mukti aneng Ngalengka
Mangke arsa rinusak ing bala kapi
Punagi mati ngrana
Yogya malih kinarya palupi
Suryaputra Narpati Ngawangga
Lan Pandhawa tur kadange
Len yayah tunggil ibu
Suwita mring Sri Kurupati
Aneng nagri Ngastina
Kinarya gul-agul
Manggala golonganing prang
Bratayuda ingadegken senapati
Ngalaga ing Korawa
Minungsuhken kadange pribadi
Aprang tandhing lan sang Dananjaya
Sri Karna suka manahe
Dene sira pikantuk
Marga dennya arsa males-sih
Ira sang Duryudana
Marmanta kalangkung
Dennya ngetog kasudiran
Aprang rame Karna mati jinemparing
Sumbaga wirotama
Katri mangka sudarsaneng Jawi
Pantes lamun sagung pra prawira
Amirita sakadare
Ing lalabuhanipun
Aja kongsi mbuwang palupi
Manawa tibeng nistha
Ina esthinipun
Sanadyan tekading buta
Tan prabeda budi panduming dumadi
Marsudi ing kotaman

by : Virgiawan Aji Saputra

Categories: Share

Leave a Reply